Language
Currency

LURIK RACHMAD

Lurik Rachmad termasuk beruntung, punya workshop yang dekat dengan lokasi makam pujangga besar Jawa di desa Palar -Klaten, Jawa Tengah, Indonesia, sekitar 3 km dari Lurik Rachmad Pedan, sehingga kami bisa belajar dan mengingat kearifan lokal dan legacy dari masa lampau, seperti tagline kami, LR adalah LEGACY, warisan.

Raden Ngabehi Ronggowarsito hidup pada 14 Maret 1802–24 Desember 1873 adalah pujangga besar budaya Jawa Kraton Kasunanan Surakarta. Ia dianggap sebagai pujangga besar terakhir tanah Jawa.

Ini adalah salah satu LEGACY, “Piweling luhur” Rng. Ronggo Warsito yang mendalam dan bagus untuk kita renungkan :

Rejeki iku ora isa ditiru..
(REJEKI ITU TIDAK BISA DITIRU)

Senajan pada lakumu
(WALAU JALANMU SAMA)

Senajan pada dodolan mu
(WALAU JUALANMU SAMA)

Senajan pada nyambut gawemu
(WALAU PEKERJAANMU SAMA)

Kasil sing ditampa bakal beda2
(HASIL YANG DITERIMA AKAN BERBEDA SATU SAMA LAIN)

Isa beda neng akehe banda
(BISA LAIN DALAM BANYAKNYA HARTA)

Isa uga ana neng Rasa lan Ayeme ati, yaiku sing jenenge bahagia
(BISA LAIN DALAM RASA BAHAGIA DAN KETENTERAMAN HATI)

Kabeh iku saka tresnane Gusti kang maha kuwasa
(SEMUA ITU ATAS KASIH DARI TUHAN YANG MAHA KUASA)

Sapa temen bakal tinemu
(BARANG SIAPA BER-SUNGGUH2 AKAN MENEMUKAN)

Sapa wani rekasa bakal nggayuh mulya
(BARANG SIAPA BERANI BERSUSAH PAYAH AKAN MENEMUKAN KEMULIAAN)

Dudu akehe, nanging berkahe kang dadekake cukup lan nyukupi
(BUKAN BANYAKNYA, MELAINKAN BERKAHNYA YANG MENJADIKAN CUKUP DAN MENCUKUPI)

Wis ginaris neng takdire menungsa yen apa sing urip kuwi wis disangoni saka sing kuwasa
(SUDAH DIGARISKAN OLEH TAKDIR BAHWA SEMUA YANG HIDUP ITU SUDAH DIBERI BEKAL OLEH YANG MAHA KUASA)

Dalan urip lan pangane wis cemepak cedhak kaya angin sing disedhot bendinane.
(JALAN HIDUP DAN REJEKI SUDAH TERSEDIA, DEKAT, SEPERTI UDARA YANG KITA HIRUP SETIAP HARINYA)

Nanging kadhang menungsa sulap mata lan peteng atine, sing adoh saka awake katon padhang cemlorot ngawe-awe, nanging sing cedhak ning ngarepe lan dadi tanggung jawabe disia-sia kaya ora duwe guna.
(TETAPI KADANG MANUSIA SILAU MATA DAN GELAP HATI, YANG JAUH KELIHATAN BERKILAU DAN MENARIK HATI.. TETAPI YANG DEKAT DIDEPANNYA DAN MENJADI TANGGUNG JAWABNYA DISIA-SIAKAN SEPERTI TAK ADA GUNA)

Rejeki iku wis cemepak saka Gusti, ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe menungsa saka lair tekane pati.
(REJEKI ITU SUDAH DISEDIAKAN OLEH TUHAN, TIDAK BAKAL BERKURANG UNTUK MENCUKUPI KEBUTUHAN MANUSIA DARI LAHIR SAMPAI MATI)

Nanging yen kanggo nuruti karep menungsa sing ora ana watese, rasane kabeh cupet, ning pikiran ruwet, lan atine marahi bundhet.
(TETAPI KALAU MENURUTI KEMAUAN MANUSIA YANG TIDAK ADA BATASNYA, SEMUA DIRASA KURANG MEMBUAT RUWET DI HATI DAN PIKIRAN)

Welinge wong tuwa, apa sing ana dilakoni lan apa sing durung ana aja diarep-arep, semelehke lan yen wis dadi duwekmu bakal tinemu, yen ora jatahmu, apa maneh kok ngrebut saka wong liya nganggo cara sing ala, ya wae, iku bakal gawe uripmu lara, rekasa lan angkara murka sak jeroning kaluwarga, kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine.
(PETUAH ORANG TUA, JALANILAH APA YANG ADA DIDEPAN MATA DAN JANGAN TERLALU BERHARAP LEBIH UNTUK YANG BELUM ADA. KALAU MEMANG MILIKMU PASTI AKAN KETEMU, KALAU BUKAN JATAHMU, APALAGI SAMPAI MEREBUT MILIK ORANG MEMAKAI CÀRA TIDAK BAIK, ITU AKAN MEMBUAT HIDUPMU MERANA, SENGSARA DAN ANGKARA MURKA. SEMUA ITU AKAN SIRNA KEMBALI KE ASALNYA)

Yen umpama ayem iku mung bisa dituku karo akehe banda dahna rekasane dadi wong sing ora duwe.
(KALAU SAJA KETENTERAMAN ITU BISA DIBELI DENGAN HÀRTA, ALANGKAH SENGSARANYA ORANG YANG TIDAK PUNYÀ)

Untunge ayem isa diduweni sapa wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI.
(UNTUNGNYA, KETENTERAMAN BISA DIMILIKI OLEH SIAPA SAJA YANG TIDAK MENGAGUNGKAN KEDUNIAWIAN, SUKA MENOLONG ORANG LAIN DAN MENSYUKURI HIDUPNYA)

lurikrachmad.co.id

Sentra pembuatan lurik di Jawa berada :
Lurik Rachmad (Workshop)
Jl.Pedan- Cawas,Rt 002,Rw 001, Desa/kelurahan beji,kec:Pedan,kabupaten Klaten,Jawa Tengah 57468
082328488880(whatshapp)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *